Crita Cekak: KLITHIH

Déning R Bambang Saparyono

Lik Solèh, wong kang andhap-asor sarwa prasaja, nanging sregep tetulung marang tangga-teparo kanthi iklas. Pakaryan saben dinané bakul kelapa. Karo bojo lan anaké loro, lik Solèh mapan ana ing wedhi kèngser pinggiring kali Gajahuwong. Omahé prasaja banget, payoné ginawé saka sèng lungsuran, balungané pring lan dhindhingé triplèk lawasan. Lik Solèh duwé anak loro, mbarepé wadon jenenge Komsiyah, déné kang nomer loro, lanang jenengé Isnan. Anaké wadon, umur songolas taun, kepétung bocah sing sregep. Jan-jané bocahé pinter, wis lulus SMK jurusan Boga, nanging amarga ora duwé wragad ora nerusaké sekolah. Komsiyah bakul ratengan ana ngomah. Déné adhiné, Isnan, isih kelas loro SMU. Isnan arang ana ngomah, seneng dolan karo kanca-kancané.

Saben ésuk bakda subuh, lik Solèh budhal menyang pasar, numpak montoré sing wis tuwa, mboncèngké ronjot bambu isi kelapa. Jam pitu utawa wolu ésuk, lumrahé lik Solèh wis tekan ngomah manèh. Mangkono uga ésuk iku, lik Solèh tata-tata arep budhal menyang pasar. Nanging, nalika ronjot bambu wis ditumpangaké montor lan diisi kelapa, jebul bané kempès. Lik Solèh ora nglokro, nyoba nambal ban montoré. Lik Soma, tangga sisih kidulé, nawani silihan montor. Senadyan mangu-mangu, lik Solèh sidané budhal menyang pasar nganggo montoré lik Soma.

Tekan tengahing bulak kang sepi, bulak Sorodhadhon, isih peteng repet-repet, lik Solèh weruh yèn saka ngarep ana montor ngebut cacahé telu. Nitik saka suwarané, montor-montor iku sajaké diblombong. Playuné montor banter ménggak-ménggok ngiwa nengen, lampu mblerengi mata. "Iki sing numpak mbokmenawa rada mendem!" mangkono pamikiré lik Solèh karo nginggiraké montoré. Ora let suwé, nalika montor sing saka ngarep papagan karo montoré lik Solèh, "Bress, croot" ana barang landhep kang ngenani bathuké lik Solèh. Sanalika getih muncrat, lik Solèh tiba kontal glangsaran ing sawah. Déné montoré isih mlayu kira-kira sepuluh meteran. Montor telu banjur nggeblas keplayu, ora perduli marang apa kang wis kadadéyan. Teteluné ora ana kang gelem nyedhak nulungi, sajak ora rumangsa dosa utawa salah.

Awit pitulungane wong kang padha liwat, montoré lik Solèh dititipaké menyang désa sacedhaké, déné lik Solèh digawa menyang rumah sakit. Déning rumah sakit, lik Solèh ditetepaké yèn wis tilar donya. Bathuké tatu jero, dinuga amarga sabetan gir montor. Pulisi kang rawuh nuli nakoni uwong-uwong kang nggawa kuwandhané lik Solèh. Adhedhasar alamat kang ana ing KTP, salah sawijining pulisi banjur ngabari keluwargane.

Kaya ngapa trenyuh lan semedhoté anak bojoné. Ésuk mau budhal menyang pasar isih seger waras, durung nganti tengah dina, mulih mung kari kuwandha. Sawisé ana idi palilah saka pulisi lan rumah sakit, jenazahé lik Solèh digawa mulih, kairing tètèsing luhé anak bojoné.

Tangga teparo gumregut ngrukti jisimé lik Solèh. Sapérangan warga ana kang pasang téndha lan nata kursi. Dhasaré lik Solèh uwongé ènthèngan, mula akèh teparo kang réwang kanthi iklas.

Nalika jenazahé lik Solèh lagi disucèni, Isnan tekan ngomah. Kagèt banget dhèwèké nyumurupi bapaké wis séda. Agé-agé Isnan takon marang lik Minah, mboké, "Mbok, iki piyé larah-larahé kok bapak dadi kaya ngéné?" 
Karo nangis sesenggukan, lik Minah ngandhani yèn bapaké mati amarga dipaéka karo bocah telu kang numpak montor ngebut ugal-ugalan, ing bulak Sorodhadhon. Isnan kagèt banget krungu katrangané mbokné. Mripate jelalatan, mencorong ndeleng sadhéngah papan, sajak kaya nggolèki sawijining uwong.
"Mbokmenawa iku sing diarani klithih. Bocah-bocah mendem, ngebut ing ndalan, tanpa sebab maeka wong liya." kandhané mbokné nutup katrangané.

Atiné Isnan kaya dijuwing-juwing. "Aja-aja …, sing dak antem gir ésuk mau jebul bapakku dhéwé? Ya Allah, kula nyuwun pangapunten." pitakoné jroning ati. Bumi kang kapidak krasa mubeng, alon …, banter …, samsaya banter …, saya suwé samsaya santer. Isnan ngguyu nyekakak, nanging dumadakan nangis ngguguk. 

Lik Minah maspadakaké anaké lanang sajak ora percaya, "Bocah iki owah pikirané apa ya? Bubar ngguyu ngakak kok banjur nangis." mangkono pikiré. Mesthi waé atiné sangsaya sedhih, wis kélangan bojo kang dadi cagak uripé keluwarga, ditambah manèh anaké lanang dadi édan. Sujuné lik Minah ora ngertèni, yèn yektiné kang matèni lik Solèh jebul anaké dhéwé. Yèn ngerti, bisa-bisa dhèwèké mèlu édan.

Jam papat soré, kunarpané lik Solèh dikubur ing makam désa. Akèh wong kang padha layat, paring pakurmatan sing pungkasan.

Telung sasi lumaku, dumadakan ana pulisi telu nakokaké omahé Isnan. Isnan dicekel pulisi, bareng karo kancané cah loro, didakwa matèni lik Solèh. Lik Minah ora bisa apa-apa, atiné nelangsa ndeleng anaké lanang diglandhang pulisi. Luhé dlèwèran, "Duh Gusti Allah, dèrèng cekap Handika Dalem paring pacobèn dhumateng kawula sak gotrah. Kawula nyuwun kekiyatan Gusti." Jagadé lik Minah krasa peteng, saya suwé saya peteng. Dumadakan, "Brug" lik Minah tiba semaput.

Sawisé kedadéyan iku, masyarakat lagi "ngeh", owahé pikiré Isnan ora mung marga kélangan bapak, nanging jebul malah dhèwèké dhéwé sing matèni. Mbokmenawa ana rasa dosa, salah lan getun ngrerujit atiné. Kabuktèn uga yèn Isnan dadi anggota klithih, kang pirang-pirang sasi dadi buroné pulisi.

Piyé Isnan ora édan? Mirid kabaré mbok bakul sinambi wara, ing komunitas klithih ana tataran-tataran antarané anggota. Sapa bisa nyilakani wong ora dikenal, tatarané bakal munggah. Saya asring nyilakani, saya dhuwur tatarané. Kosok baliné, sapa nyilakani wong kang dikenal, tatarané bakal mudhun. Yèn nganti nyilakani dharah-daginge dhéwé, bakal diwetokaké saka komunitas klithih. Embuh, bener apa ora kabar iku. Dadi tumrapé Isnan, mbokmenawa, prasasat donya wis kiyamat. Ing komunitas dicorèt saka anggota, ing ngomah ya wis aib.

Ngayogya, 3 Mèi 2022

Kosakata:
Andhap asor = rendah hati, prasaja = sederhana, pakaryan = pekerjaan, wedhi kèngsêr = tanah pinggir sungai yang terbentuk dari endapan pasir, ratengan = makanan yang sudah diolah siap saji, diblombong = knalpot tidak dipasangi filter, glangsaran = tergeletak, dinuga = diduga, kuwandha = jasad/ jisim/ kunarpa/ jenazah, isi palilah = ijin, gumregut/ sengkut = semangat, larah-larahé = ceritanya, yektiné = sejatinya, ngrerujit = merobek robek, mirid = menurut, paéka = mencelakai/ mengusili.

Comments

Popular posts from this blog

BHP MEDIS 5: PENERIMAAN DAN PENYIMPANAN BMHP

PENANDAAN OBAT

MÉLIK NGGÉNDHONG LALI