MÉLIK NGGÉNDHONG LALI
MÉLIK NGGENDHONG LALI
Déning: Kakung Bambang Saparyono
Mélik nggendhong lali, pitutur luhur kang ngoyot ing budaya Jawa. Mélik, tegesé pèngin banget, ndarbèni sawijining barang utawa perkara. Tembung "pèngin banget", nggambaraké yèn pepénginan iku wis ngluwihi lumrahé pepènginan.
Nggéndhong, teges kang umum, yaiku nggawa barang saka siji papan menyang papan liyané. Déné teges kang mligi, yaiku nggawa barang ing géndhongan. Dinulu tata lairé, yèn kang nggéndhong teka, sing digéndhong ya mesthi teka. Yèn sing nggéndhong ana, sing digéndhong mesthiné ya uga ana.
Lali, tegesé ora éling, ora kèlingan, kilap, kesupèn, kelépyan. Tembung lali ing pitutur iki, duwé teges lali, utawa sak ora-orané nyepèlèkaké marang laku utama.
Gayut karo pitutur "Mélik nggéndhong lali", ngemu surasa, wong kang duwé pepènginan ndarbèni sawijining barang utawa perkara, yèn pepènginan iku nemen, bisa njalari lali marang laku utama. Malah kepara ora isin nindakaké laku nistha, luwih adoh manèh ora wedi lan iguh pakéwuh nindakaké laku culika. Paugeran lan wewalering agama utawa negara dèn trajang, amrih bisa kasembadan apa kang dipèngini. Yèn paugeran lan wewalering agama lan negara waé diterjang, apa manèh yèn mung unggah-ungguh, suba-sita, tata-krama, rasa isin lan iguh pakéwuh. Ora isin ora pakéwuh, kabèh dalan bakal dijarag dilakoni. Wis ora preduli manèh yèn tindak-tanduké bisa gawé lara atiné liyan, sanak kadang, sedulur, malah kepara nglarani atiné wong tuwa.
Sapa waé kang duwé mélik, prasasat wis kelebon sétan. Pikirané cupet, nalaré macet. Rasa kamanungsan uga ilang. Apus-apus, pitenah, omong lamis ésuk dhelé soré témpé, mbégal, ngrampok, ngècu, nyopèt, yèn perlu matèni pisan, bakal dilakoni kanthi ènthèng tanpa wigah-wigih.
Mula prayoga kita tansah éling lan waspada marang pitutur iku. Kudu bisa njaga murub lan mubaling rasa lila-legawa nrima ing pandum. Kudu bisa "berdamai dengan diri sendiri". Kabèh kang wis dadi duwèké kudu disyukuri. Pepènginan, yekti sipat kang lumrah tumrapé manungsa, nanging aja nganti banjur lali marang laku utama. Malah yèn bisa nyambunga silaturahmi marang titah sapadhané.
Ngayogya, 9 Mèi 2022.
Glossarium:
Ngoyot = berakar, ndarbèni = memiliki, mligi = khusus, dinulu = dilihat, gayut = terkait, nistha = asor/ rendah, culika = jahat, paugeran = peraturan, wewaler = larangan, prasasat = seperti, murub = menyala, mubal = muncul bunga api, pandum = pemberian/ bagian.
Comments
Post a Comment