Posts

Showing posts from May, 2022

Crita Cekak: KLITHIH

Déning R Bambang Saparyono Lik Solèh, wong kang andhap-asor sarwa prasaja, nanging sregep tetulung marang tangga-teparo kanthi iklas. Pakaryan saben dinané bakul kelapa. Karo bojo lan anaké loro, lik Solèh mapan ana ing wedhi kèngser pinggiring kali Gajahuwong. Omahé prasaja banget, payoné ginawé saka sèng lungsuran, balungané pring lan dhindhingé triplèk lawasan. Lik Solèh duwé anak loro, mbarepé wadon jenenge Komsiyah, déné kang nomer loro, lanang jenengé Isnan. Anaké wadon, umur songolas taun, kepétung bocah sing sregep. Jan-jané bocahé pinter, wis lulus SMK jurusan Boga, nanging amarga ora duwé wragad ora nerusaké sekolah. Komsiyah bakul ratengan ana ngomah. Déné adhiné, Isnan, isih kelas loro SMU. Isnan arang ana ngomah, seneng dolan karo kanca-kancané. Saben ésuk bakda subuh, lik Solèh budhal menyang pasar, numpak montoré sing wis tuwa, mboncèngké ronjot bambu isi kelapa. Jam pitu utawa wolu ésuk, lumrahé lik Solèh wis tekan ngomah manèh. Mangkono uga ésuk iku, lik Solèh tata-tat...

MÉLIK NGGÉNDHONG LALI

Pitutur Luhur: MÉLIK NGGENDHONG LALI  Déning: Kakung Bambang Saparyono Mélik nggendhong lali, pitutur luhur kang ngoyot ing budaya Jawa. Mélik, tegesé pèngin banget, ndarbèni  sawijining barang utawa perkara. Tembung "pèngin banget", nggambaraké yèn pepénginan iku wis ngluwihi lumrahé pepènginan.  Nggéndhong, teges kang umum, yaiku nggawa barang saka siji papan menyang papan liyané. Déné teges kang mligi, yaiku nggawa barang ing géndhongan. Dinulu tata lairé, yèn kang nggéndhong teka, sing digéndhong ya mesthi teka. Yèn sing nggéndhong ana, sing digéndhong mesthiné ya uga ana. Lali, tegesé ora éling, ora kèlingan, kilap, kesupèn, kelépyan. Tembung lali ing pitutur iki, duwé teges lali, utawa sak ora-orané nyepèlèkaké marang laku utama.  Gayut karo pitutur "Mélik nggéndhong lali", ngemu surasa,  wong kang duwé pepènginan ndarbèni sawijining barang utawa perkara, yèn pepènginan iku nemen, bisa njalari lali marang laku utama. Malah kepara ora isin nindakaké laku ni...