Crita Cekak: KLITHIH
Déning R Bambang Saparyono Lik Solèh, wong kang andhap-asor sarwa prasaja, nanging sregep tetulung marang tangga-teparo kanthi iklas. Pakaryan saben dinané bakul kelapa. Karo bojo lan anaké loro, lik Solèh mapan ana ing wedhi kèngser pinggiring kali Gajahuwong. Omahé prasaja banget, payoné ginawé saka sèng lungsuran, balungané pring lan dhindhingé triplèk lawasan. Lik Solèh duwé anak loro, mbarepé wadon jenenge Komsiyah, déné kang nomer loro, lanang jenengé Isnan. Anaké wadon, umur songolas taun, kepétung bocah sing sregep. Jan-jané bocahé pinter, wis lulus SMK jurusan Boga, nanging amarga ora duwé wragad ora nerusaké sekolah. Komsiyah bakul ratengan ana ngomah. Déné adhiné, Isnan, isih kelas loro SMU. Isnan arang ana ngomah, seneng dolan karo kanca-kancané. Saben ésuk bakda subuh, lik Solèh budhal menyang pasar, numpak montoré sing wis tuwa, mboncèngké ronjot bambu isi kelapa. Jam pitu utawa wolu ésuk, lumrahé lik Solèh wis tekan ngomah manèh. Mangkono uga ésuk iku, lik Solèh tata-tat